Thursday, June 4, 2009

Iki Ngomong DUIT...OPO opo Duit......Duit yo opo OPO

Karo duit kowe isotuku omah,ananging dudu panggon turu. Yen ora ndwe duit mending melu moro tuwo ora sah isin.

Nganggo DUIT kowe iso tuku Jam,nanging dudu wektu. Yen pengen wektu, dadi o pengangguran, okeh wektu, iso maen kertu pisan.

Nganggo duit kowe iso tuku Kasur King Coil Tapi ora mesti turu. Yen kowe pengen turu, mbut gawe nganti kesel lan pegel, mangano sing warek, mengko lak keturon dewe

Nganggo duit kowe iso tuku buku tapi dudu kepinteran. Yen kowe pengen minteri wong gampang carane, ngaku wae entuk watu soko langit, lan iso marikno wong loro


Nganggo duit kowe iso lungo dokter nanging ora mesti seger waras. Yen ora ndwe duit, temonono Mbah Ponari

Karo duit kowe iso tuku posisi tapi ora mesti diregani. Yen pengen diregani kowe kudu dadi pejabat sing sugih lan okeh duite, ojo numpak angkot opo meneh sepeda, paham ra?

Yen ndwe duit iso tuku getih tapi ora mesti urip. Yen ora iso tuku getih modar wae ra popo, wong urip mlarat yo rekoso

Karo duit kowe iso Tuku cw tapi ora iso bercinta. Amergo cinta kui yo Butuh duit, rupo lan sopan santun. Yen kowe elek tapi isih ndwe duit, ijeh mungkin nemu cinta dibanding kowe elek lan ra ndwe duit. Eling..... iki jaman edan.

Iki mau petuah soko Cino lan iso gawe mujur. (yen ora kojur) Asline sih soko Belanda. Lho piye leh. Aku dadi bingung. Maksute Cino Belanda ngono go ah...

Petuah iki wes nyebar ndoyo kaping 8. Saiki giliranmu mujur mergo kowe wes tompo pesen iki. Sing durung tompo mesti kojur kabeh.

Iki ora maen maen, tenan-nan, sumprit, ora ngapusi. Kowe bakal mujur soko email lan internet. Sing ora ndwe email lan internet bakal soro.

Kirimo copy file iki kanggo sederek sing jan ora ndwe nasib apik. Ora lah kirim duit (rugi kowe yen kirim duit), amergo keberuntungan kuwi ora iso dituku. Ojo kliwat 4 dino, lali mengko yen kesuwen.

Ono wong nemu kiriman iki tahun 1953 (jaman kuwi dudu email, tapi kertas koran)Terus sekertaris e dikongkong nulis 20 9 jam sak wise, wong kuwi menang Porkas 99 juta. Piye..kowe gelem ora. Kowe iso menang Togel...jajalen wae..

Tahun 1967 ono wong nemu pesen iki lan ngguyu ngakak malah dibuang. Anak e loro mencret mencret. Terus pesen mau digolek i ning tong sampah, digawe okeh lan disebar. 9 dino sak wise anak e wes ora mencret maning malah wes wani mangan pempek pelembang.

Kertu iki wes dikirim karo, wong soko KLATEN, kono lho cedak prapatan Pabrik gulo gondang.

Sak durunge 96 jam klewat, kowe kudu kirim wong 20, paham ra.

Kirimo 20 kanggo konco, kenalan, lan keluarga. 1 hari sak wise bakal ono berita apik lan kejutan. (lho piye leh, mau 4 dino saiki 1 dino, dasar goblok tenan

Penting Banget:Ojo ngasi mbok ganti. Kirim opo anane. Bakal untung

Mung Guyonan kok aku weh.....NGGUYU WAE YO NGANGGO DUIT kayane

No comments: